Bismillahirahmanirahim
Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Alhamdulilah alhamdulilahi
rabbil alamin washolatu wasalamu alla asrafil anbiya’i wal mursalin wa ala
alihi wa shohbihi aj’main, ashadualla ilahailallah wahdahula syarikalah wa
ashadu anna muhammadan abduhu wa rasuluh
Bapak Kepala SMP Negeri 1 Jumapolo ingkang dhahat kinabekten
Bapak- Ibu guru dalah karyawan ingkang winantu ing pakurmatan
Bapak- Ibu tamu sinedhahan ingkang dhahat pinundhi ing krami
Adhik- adhik kelas VII saha kelas VIII saha kanca- kanca kelas
IX ingkang kulo tresnani
Saderengipun kula matur, langkung rumiyin sumangga
panjenengan kula nderekaken manengku
puja ngaturaken puji syukur dhateng Allah SWT, bilih ngantos ing siyang menika
panjenengan sedaya saha kula saged ngempal wonten ing ngriki kanthi raharja ing
sambekala
Bapak/ Ibu saha para tamu ingkang winantu ing pakurmatan. Siyang
menika Kula minangka wakilipun rencang - rencang kelas 9
ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu Guru SMP
Negeri 1 Jumapolo ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco dateng
pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsa.
Mboten keraos kulo lan rencang sebrayat sampun
ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara
menika, kulo kiyambak tuhu rencang - rencang nyuwun agenging pangapunten
sangking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten
pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun
sengojo lan mboten disengojo. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken
sedoyo kelepatan kulo lan rencang - rencang.
Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe
nilaraken pawiyatan menika amargi sedoyo ingkang wonten dateng mriko sampun
kados sederek lan kaluargo. Namung amargi kulo lan rencang - rencang kedah
nglanjutaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan
rencang - rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.
Salajengipun kula titip weling dhumateng adhik- adhik kula
kelas VII saha kelas VIII supados langkung sregep sinau lan tangsah bekti
dhateng Bapak- Ibu guru sadaya “Tawon Madu ngisep Sekar, pados ngelmu kedah
sabar” mekanten piwelingipun para wewasis
Wasana “Damar mancung cinupet semanten rumiyin” sadaya
kekirangan anggen kula matur kirang trapsila ing subasita nyuwun angunging
samodra pangaksami.
Wassalamu'alaikum Wr. Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar