Halal bi Halal Putri (meminta maaf kepada kaum muslimin)
Assalamualaikum Wr.Wb
Allahu Akbar , Allahu Akbar, Allahu
Akbar, Laa ilaha illahuallahu Akbar, Allahuakbar walillah ilham
Alhamdulilah,
alhamdulillahi rabbil alamin, washolatu wasalamu alla asrafil
ambiya’i wal mursalin wa alla alihi washobihi ajmain amma ba’du. Ashadualla
illahaillah wa ashadu anna muhammad rasullulah, Allahumma sholi alla sayyidina
muhammad wa alla alihi sayyidina muhammad
Panjenengannipun
para pini sepuh, sesepuh ingkang kinabekten. Panjenenganipun Bp.Kadus ingkang kinurmatan.
Panjenenanipun para rawuh kakung saha putri ingkang kinurmatan, jamaah muslimin
soho muslimat ingkang dipun mulya aken Allah SWT.
Sak
derengipun monggo tansah kawulo dereaken manjataken raos puji dalasan syukur
dumateng ngarsanipun Allah SWT, awit sangking kanugrahanipun katitik wonten ing
kaludangan dalu meniko taksih saged kempal manunggal wonten ing keadaan sehat
wal afiat
Atur
kulo sak lajengipun, mugi wonten keparingipun kawula nggempil kamardikan panjenengan
salawit awis wekdal, awit sangking keparingipun. Bapak pranoto adi coro kinen
ngaturaken woseng gati kawulo ngadeg wonten ngarso panjenengan sedoyo.
Ingkang
ongko sepindah, kawulo minongko wakil kaum muslimat sedoyo, ngaturaken sedoyo
dosa dalasan kalepatanipun kaum muslimat ingkang tumanduk dumateng kaum
muslimin sak lebetipun setunggal tahun, dosa ingkang dipun sengojo tuwin mboten dipun sengojo ,ingkang ageng
tuwin alit, ingkang ketingal tuwin mboten ketingal, kulo minongko wakilipun
kaum muslimat nyuwunaken pangapunten dumateng kaum muslimin sedayanipun kanthi
ngucapaken kalimat “Minal Aidzin wal fa’idzin, mohon maaf lahir dan batin”
Cekap
semanten atur sangking kawulo, mbok bilih wonten atur kawulo ingkang kirang
nujuprono, kawulo nyuwun agenging samudra pangaksami ingkang sak agengipun
Bilahitaufik wal
hidayah wasalamu alaikum
Wr.Wb
Halal Bi
Halal Putra (Menerima maaf dari kaum muslimah)
Assalamualaikum Wr.Wb
Allahu Akbar ,
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Laa ilaha illahuallahu Akbar, Allahuakbar walillah
ilham
Alhamdulilah alhamdulillahi rabbil alamin, washolatu wasalamu alla asrafil
ambiya’i wal mursalin wa alla alihi washobihi ajmain amma ba’du. Ashadualla
illahaillah wa ashadu anna muhammad rasullulah, Allahumma sholi alla sayyidina
muhammad wa alla alihi sayyidina muhammad
Dumateng
panjenenganipun bapak takmir mushola ingkang kulo hormati, bapak kadus ingkang
kulo hormati lan ugi sesepuh, aji sepuh dusun mitir ingkang kulo bekteni, lan
ugi jamaah kaum muslimin wal muslimat , mbok bilih kawulo minangka sulih
panampi halal bi halalipun kaum muslimin dumanteng kaum muslimat
Kawulo
minangka wakilipun jamaah kaum muslimin ing mushola Al-Hidayah Mitir ugi saged
nglenggono sedoyo kalepatanipun kaum muslimat ingkang tumanduk kaum muslimin
sedoyo ,ugi ngaturaken sedoyo dosa dalasan kalepatanipun kaum muslimin sak
lebete sesrawungan kalian kaum muslimat ,mbok bilih kathat tandang tanduk,
ingkang lakunipu jamaah kaum muslimin dumateng kaum muslimat ingkang kirang
nujuprana ,kulo minongko wakil nyuwunaken agenging samudra pangaksami dumateng
jamaah kaum muslimat sedaya, mugi sageto dhawah sami-sami minangka pungkasaning
atur kawula. Kawulo ngucapaken “Minal Aidzin wal fa’idzin, mohon maaf lahir dan
batin”
Cekap
semanten atur kawulo ,mbok bilih wonten atur kawulo ingkang kirang mrananing
penggalih panjenengan sedaya , kulo pribadi nyuwun angenging samudra pangaksami
ingkang sak ageng-agenipun
Bilahitaufik wal
hidayah wasalamu alaikum
Wr.Wb
Tidak ada komentar:
Posting Komentar