Kamis, 12 Maret 2015

Pidato Perpisahan Kelas 9 Dengan Bahasa Jawa





Bismillahirahmanirahim
Assalamu'alaikum Wr. Wb. 

Alhamdulilah alhamdulilahi rabbil alamin washolatu wasalamu alla asrafil anbiya’i wal mursalin wa ala alihi wa shohbihi aj’main, ashadualla ilahailallah wahdahula syarikalah wa ashadu anna muhammadan abduhu wa rasuluh 



Bapak Kepala SMP Negeri 1 Jumapolo ingkang dhahat kinabekten
Bapak- Ibu guru dalah karyawan ingkang winantu ing pakurmatan
Bapak- Ibu tamu sinedhahan ingkang dhahat pinundhi ing krami
Adhik- adhik kelas VII saha kelas VIII saha kanca- kanca kelas IX ingkang kulo tresnani

Saderengipun kula matur, langkung rumiyin sumangga panjenengan  kula nderekaken manengku puja ngaturaken puji syukur dhateng Allah SWT, bilih ngantos ing siyang menika panjenengan sedaya saha kula saged ngempal wonten ing ngriki kanthi raharja ing sambekala

Bapak/ Ibu saha para tamu ingkang winantu ing pakurmatan. Siyang menika Kula minangka wakilipun rencang - rencang kelas 9 ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu Guru SMP Negeri 1 Jumapolo ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsa.

Mboten keraos kulo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang - rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan mboten disengojo. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo lan rencang - rencang.

Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedoyo ingkang wonten dateng mriko sampun kados sederek lan kaluargo. Namung amargi kulo lan rencang - rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan rencang - rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.

Salajengipun kula titip weling dhumateng adhik- adhik kula kelas VII saha kelas VIII supados langkung sregep sinau lan tangsah bekti dhateng Bapak- Ibu guru sadaya “Tawon Madu ngisep Sekar, pados ngelmu kedah sabar” mekanten piwelingipun para wewasis

Wasana “Damar mancung cinupet semanten rumiyin” sadaya kekirangan anggen kula matur kirang trapsila ing subasita nyuwun angunging samodra pangaksami.
Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Rabu, 04 Maret 2015

Halal Bi Halal Dalam Bahasa Jawa



Halal bi Halal Putri (meminta maaf kepada kaum muslimin)

Assalamualaikum Wr.Wb
            Allahu Akbar , Allahu Akbar, Allahu Akbar, Laa ilaha illahuallahu Akbar, Allahuakbar walillah ilham
Alhamdulilah, alhamdulillahi rabbil alamin, washolatu wasalamu alla asrafil ambiya’i wal mursalin wa alla alihi washobihi ajmain amma ba’du. Ashadualla illahaillah wa ashadu anna muhammad rasullulah, Allahumma sholi alla sayyidina muhammad wa alla alihi sayyidina muhammad
Panjenengannipun para pini sepuh, sesepuh ingkang kinabekten. Panjenenganipun Bp.Kadus ingkang kinurmatan. Panjenenanipun para rawuh kakung saha putri ingkang kinurmatan, jamaah muslimin soho muslimat ingkang dipun mulya aken Allah SWT.
Sak derengipun monggo tansah kawulo dereaken manjataken raos puji dalasan syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT, awit sangking kanugrahanipun katitik wonten ing kaludangan dalu meniko taksih saged kempal manunggal wonten ing keadaan sehat wal afiat
Atur kulo sak lajengipun, mugi wonten keparingipun kawula nggempil kamardikan panjenengan salawit awis wekdal, awit sangking keparingipun. Bapak pranoto adi coro kinen ngaturaken woseng gati kawulo ngadeg wonten ngarso panjenengan sedoyo.
Ingkang ongko sepindah, kawulo minongko wakil kaum muslimat sedoyo, ngaturaken sedoyo dosa dalasan kalepatanipun kaum muslimat ingkang tumanduk dumateng kaum muslimin sak lebetipun setunggal tahun, dosa ingkang dipun sengojo  tuwin mboten dipun sengojo ,ingkang ageng tuwin alit, ingkang ketingal tuwin mboten ketingal, kulo minongko wakilipun kaum muslimat nyuwunaken pangapunten dumateng kaum muslimin sedayanipun kanthi ngucapaken kalimat “Minal Aidzin wal fa’idzin, mohon maaf lahir dan batin”
Cekap semanten atur sangking kawulo, mbok bilih wonten atur kawulo ingkang kirang nujuprono, kawulo nyuwun agenging samudra pangaksami ingkang sak agengipun
Bilahitaufik wal hidayah wasalamu alaikum Wr.Wb



Halal Bi Halal Putra (Menerima maaf dari kaum muslimah)

Assalamualaikum Wr.Wb
Allahu Akbar , Allahu Akbar, Allahu Akbar, Laa ilaha illahuallahu Akbar, Allahuakbar walillah ilham
Alhamdulilah alhamdulillahi rabbil alamin, washolatu wasalamu alla asrafil ambiya’i wal mursalin wa alla alihi washobihi ajmain amma ba’du. Ashadualla illahaillah wa ashadu anna muhammad rasullulah, Allahumma sholi alla sayyidina muhammad wa alla alihi sayyidina muhammad
Dumateng panjenenganipun bapak takmir mushola ingkang kulo hormati, bapak kadus ingkang kulo hormati lan ugi sesepuh, aji sepuh dusun mitir ingkang kulo bekteni, lan ugi jamaah kaum muslimin wal muslimat , mbok bilih kawulo minangka sulih panampi halal bi halalipun kaum muslimin dumanteng kaum muslimat
Kawulo minangka wakilipun jamaah kaum muslimin ing mushola Al-Hidayah Mitir ugi saged nglenggono sedoyo kalepatanipun kaum muslimat ingkang tumanduk kaum muslimin sedoyo ,ugi ngaturaken sedoyo dosa dalasan kalepatanipun kaum muslimin sak lebete sesrawungan kalian kaum muslimat ,mbok bilih kathat tandang tanduk, ingkang lakunipu jamaah kaum muslimin dumateng kaum muslimat ingkang kirang nujuprana ,kulo minongko wakil nyuwunaken agenging samudra pangaksami dumateng jamaah kaum muslimat sedaya, mugi sageto dhawah sami-sami minangka pungkasaning atur kawula. Kawulo ngucapaken “Minal Aidzin wal fa’idzin, mohon maaf lahir dan batin”
Cekap semanten atur kawulo ,mbok bilih wonten atur kawulo ingkang kirang mrananing penggalih panjenengan sedaya , kulo pribadi nyuwun angenging samudra pangaksami ingkang sak ageng-agenipun
Bilahitaufik wal hidayah wasalamu alaikum Wr.Wb